Minggu, 05 Januari 2014

SABAR & SYUKUR

SABAR & SYUKUR
SEJATINE urip kuwi ora mung mampir ngombe, anging kangge nglampai printahe Gusti Allah ingkang moho Suci. Yo meniko kang diarani ibadah.
Ngombe iku amung kangge lantaran supados iso tetep sehat anggene nglampai ibadah. Dadi ngombe niku mboten dadi tujuane wong urip ing alam dunyo. Malahan, nek kakean ngombe sampai lali ibadah meniko iso ndadosake ciloko. Naudzubillahi mindzalik
Yo elingo wae, Allah Swt meniko mboten butuh panjenengan (menungso lan jin) sregep ibadah, anging menungso lan jin ingkang butuh ibadah marang Gusti.
Allah wes nduduake dalan ingkang lurus ben nglampahi urip saget slamet dumugi akhirat. Nggih supados angsal karidhone Gusti ingkang Moho Agung.
Urip kuwi sejatine ngadepi ujian, sing sampun diatur Gusti Allah. Ujiane urip ora mandeg sampai ruhipun utowo ajalipun menungso dipun pundut ing ngarsonipun Pengeran.
Ora ono tiang gesang sing mboten anggadahi persoalan (ujian). Sak pinter-pintere menungso, sak sugih-sugihe, sak hebat-hebate uwong mesti ngadepi persoalan.
Nggih saget masalah pekerjaan, saget masalah keluarga, utang piutang lan lintu-lintunipun. Yo meniko kabeh bagian ujian saking Allah.
Ngadepi ujian meniko mesti kudu sabar. Dikerjake nganggo sikap sing tenanan, serius, ngangge peritungan. Ojo ngadepi masalah ngangge nafsu emosi, opo meneh putus asa.
Ora ono masalah sing ora iso dituntaske kanti jalan bener. Nek ngatasi ujian ngangge pikiran tenang, jernih lan ati sing jembar, Insya Allah kabeh kesulitan saget dirampungi kanti hasil sing apik.
Yo jenenge ujian kuwi ono sing gampang lan ono sing angel. Mulo nuntas-akene nggih kanti ngangge itungan sing tepat. Kabeh usaha mesti ono hasil. Menawi hasile dereng sempurno, yo dadeke pelajaran. Lan saene nggih digoleki opo sebabe iso ora sempurno. Nek wis reti sebabe, tentu saget didadeke pengalaman menowo wonten ujian ingkang sami.
Ujian yo nggawe menungso tambah dewoso, dewoso nyikapi perkoro lan ukoro teng dunyo. Ningkate derajat ngelmu meniko yo kerono iso ngliwati ujian kanti sae. Nah roso syukur saget ningkatake hasil dateng punopo mawong ingkan sampun dilampai. Hasil ujian luwih apik nek dibarengi rasa syukur, rezeki dadi berkah nek dibarengi syukur, ati yo melu adem, perasaan tentrem.
Kabeh tuntunan urip sejatine sampun dipun gambarake teng Alquran dan Hadits. Ibadah sholat sing diwajibkan saben dino ping limo, nggih nglatih disiplin wektu lan mulang sabar. Meski sibuk kerjo, ora entok lali anggene nglampai sholat limo wektu. Nek menungso iso nglampahi sholat tepat waktu, Insya Allah atine dadi tertata. Ora kemrungsung, ora kesusu, ora emosinan tur awake seger dadi gampang senyum karo mahluke Allah.
Sholat nggawe awak seger ora mung lantaran awake gerak wektu takbir, rukuh lan sujud. Anging roso seneng ngadep Pengeran Kang Moho Penyayang. Sholat memang kangge ukuran sepiro roso senengeni menungso marang Allah. Mulo sholat diarani tiang agama, pondasi keimanan, wujud bektine menungso marang Gusti.
Menawi katresnanan marang Gusti diwujudake sholat lan nglampahi penopo ingkang dipun prentah dan nebihi utowo ngadohi punopo-punopo ingkang dipun larang, Insya Allah, Gusti Kang Maha Agung yo bakal maringi imbalan kawelasan rupi Surgo. Alhamdulillah.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar